Rembug Ayu

Rembug Ayu

Share

05/02/2024

Prabu Pandu ngwarisi lenga kamulyan ning Destarata. Lenga kien hadiah saking Dewa sewaktu Pandu bisa numpes musuh kahyangan, Nagapaya. Mengko enakna yen wis dewasa ning Pendawa.

Lenga kemulyan diweruhi ning Korawa. Toli dadi jogreg. Korawa pengen, Pendawa pengen. Dasar Destarata raja bijaksana. Gawe sayangbara. Cupu lenga kemulyan arep dibalangna. Sapa sing bisa nyandak, iku sing bisa anduweni.

Nalika arep dibalangna, disenggol ning Ramapaman Sangkuni. Sebagian lenga kemulyan ketumplek ning ambal pendopo Astina. Sengkuni gage roncod busana. Toli guling-guling, sing sikil sampe endas ketempelan lenga wau.

Cupu mau blesat ning awang-awang, rigel manjing ning Sumur Antru. Ora Pendawa ora Korawa tan ana sing bisa njokot. Ujug-ujug teka pendita blesak, pakeane tambalan. Kecil iwil-iwil temu bisa njokot cupu wau.

Pendawa lan Korawa pada geleng-geleng kepala. Ngagumi kesaktian sang pendita. Seklebat kilat, Pendawa lan Korawa langsung sinembah nyuwun dipupu murid.

Gampang, jawab Begawan Dorna. Pertami, gaweaken sekolah sing bagus, tek arani Padepokan Sokalima. Kaping kalih, Mama kudu diangkat dadi Dewan Pertimbangan Raja Astina. Kaping telu, satu siswa bayare 40 kebo. Setuju?

Setuju, setuju! Jawabe ragem Pendawa lan Korawa.
***

Want your business to be the top-listed Media Company in Indramayu?
Click here to claim your Sponsored Listing.

Address


Jalan Raya Tugu Blok Plawad
Indramayu
45281